80s toys - Atari. I still have



Selamat Datang di Opera Mini acak-acakan, mawut-mawut ra karuan.
RCTI
Rasa Cinta tapi Isin
Opera Mini iki di modif khusus nggo wong-wong tuo, wong ndeso katrok, wong sing ra iso bahasa indonesia opo meneh bahasa inggris.
Sam
Sebagian besar menune nganggo boso jowo. Simbah-simbah, bpk, ibu, pakde, budhe, cah cilik, cah bodo, cah ra sekolah, kabeh do iso nganggo opera mini iki. Nek kowe iso ngature, opera mini iki iso gratis ra keno pulsa. Nek ra iso yo nangiso wae, njaluk'o duit mbokmu nggo tuku pulsa. Opera mini iki dudu mung opera mini ecek-ecek. Iki wis tak modif tak tambahi fitur kamera satelit ben iso nggo ngindik wong adus seko ngomah. Opera mini iki ugo iso dinggo nonton TV, tapi dipasangi booster disek ben gambare bening, cetho welo-welo. Nek ono tonggo utowo sedulur lagi nandang susah, opera mini iki iso nggo nambani wong loro, patah tulang, pnyakit dalam, kanker lan kesurupan. Opera mini iki bersifat fleksibel. Dipasang nggon HP berwarna iso, nggon HP monokrom yo iso. Nek ra duwe HP, pasang nggon kalkulator limangewunan kae yo iso. Nek kowe rajin ngrawat lan makani opera mini iki, sesok suwe-suwe iso manak dadi okeh trus kowe iso dadi peternak operamini. Opera mini iki berguna bgt kanggone bocah sekolah terutama sing lagi ujian. Nek lagi mumet nggarap soal ujian, opera mini iki otomatis aktif dewe nampilke jawaban ujian. Nek kowe lagi mumet ra duwe duit, opera mini iki nek malem jumat kliwon metu nomere togel. 100% cocok dan sdh pasti nembus. Syarate kudu nyiapke kembang karo menyan diobong pas jam rolas bengi. Ora mung kuwi thok, opera mini iki wis ditambahi fitur- fitur liyane. Ono Radio FM + mp3 player, dadi nek pas lagi ngenteni loading iso karo ngrungokke lagu senenganmu sinambi manggut-manggut. Ono kipas angine, nek kowe kesel internetan sedino sewengi nganti awakmu kemringet ojo kuatir soale wis ono kipas angine. Iso silir isis kringete rodo sudo. Trus iki rencanane edisi sesok arep di tambahi fasilitas Toilet, dadi sak umpomo lagi pesbukan ujug-ujug kroso ngiseng utowo anyang- anyangen pengen nguyuh ora perlu nang WC maneh.

Iki Opera Minie


Bagikan
by alung